Assalamualaikum Warahmatullahi wabarakatuh
Nuwun Kawula Nuwun
Katur dumateng para kadang sutrisna ingkang remen sanget ing babagan seseratan nenggih mliginipun blogger in tlatah kabupaten Tuban. Keparengake kula nderek-nderek biantu paring seratan ingkang singkat menika, kang paring irah-irahan "Ngadi Sarira Ngedi Busana"
          Busana adat jawi asring sinebut ugi Busana Kejawen. Ingkang mengku teges pralambang sinandi ing salebeting tata busana, pramila boten mokal kalamun wonten tetembungan "Ajining Diri Saka Lati, Ajining Raga Saka Busana". Busana ugi saged kinarya titikan para pangagemipun, tuladhanipun : AGEMAN SARWA CEMENG, KAOS OBLONG PELET ABRIT, IKET CAKRANINGRATAN, punika cetha titikanipun busana dhaerah Madura. Wonten malih, AGEMAN SARWI CEMENG, KOLOR LAWE, IKET MONDHOLAN BINESET, punika cetha agemanipun para warok.
          Busana ugi saget kinarya pralambang sinandi salebeting sesambungan umat kaliyan Gustinipun. Wiwit IKET, UDHENG, BUSANA, SINJANG, SABUK EPEK, WANGKINGAN (KERIS) ngantos CANELA/SLOP.
IKET : Kangge panutuping sirah duk kuna - kunanipun piyantun jawi tartamtu ngginakaken iket utawi udheng, cara pangagemipun, kaubetaken kaiket kenceng sanget. Punika pralambangipun bilih kita gesang kedah anggadahi iman ingkang kenceng. Pamikir ingkang kenceng boten mayang mentoleh.
UDHENG : Udheng mengku teges supados kita mangertos boten gampil nampi pambujuk lan pangajaking asanes, saderengipun dipun mangertosi saestu utawi menawi dereng MUDHENG saestu.
BLANGKON : Pinangka pralambang kita gesang ing alam bebrayan ingkang anggadhahi gegayuhan lan panjangka. Miturut dhasar lan pangertosanipun gegayuhan sami, dening bebakalan ingkang kedah dipun lampahi. Dados cethanipun BLANGKON, BEBAKALANING KUDU KELAKON. (Panjangka kudu kasembatan). Kenging punapa blangkok ketingal bendol mburi/wingking, punika mengku teges nyingitake barang kang ala utawi punapa ingkang boten pantes kangge liyan kedah dipun rahasiaake.
BESKAP/SURJAN : Bersambung gih.....