Tedak Siten, Ritual Adat Turun Tanah Pertama Kali Bagi Bayi


" Ngleluri Upacara Tedak Siti "

Dalu punika  Jum'at wage 19 Jan 2017, kula bade ngaturaken andaran upacara tedak siti. Senajan ing kab tuban awis wonten,  mboten wonten lepatipun menawi kita nyinau bab upacara kasebat sinten ngertos lintu wanci / dinten kita mrangguli adicara punika. 

Upacara tedak siti saget kapapanaken ing lebet bale menapa dene plataran, jalaran tedak siti mboten mbetahaken papan mirunggan ( kusus), salajengipun ingkang ngestreni upacara punika cekap lare - lare ingkang umuranipun 7 tahun mengandap, nanging saget ugi kalih ibu - ibu tartamtu tugasipun ibu - ibu punika namung nderekaken putra putrinipun ingkang nampi undangan. 

Menggah pirantosipun tedak siti : Bak isi toya kacampur kembang setaman, Topi janur, Kurungan ingkang sampun dipun hias, Jarit/ sinjang corak sidomukti, sidoluhur, Jadah werni 7, Payung, Ondo tebu, Kursi alit, Wiji- wijian lan arta receh kacampur dipun wadahi bokor, Lampahing adicara : Kawiwitan ramanipun bayi nyampur toya gege  inggih toya ingkang kacampur sekar setaman kalawau, salajengipun bayi wiwit dipun sirami, purnaning siram lajeng dipun salini ageman anyar, lajeng dipun topeni topi Janur, salajengipun tanganipun bayi dipun cepengi ceker ayam lan buku, sampunipun makaten sibayi lajeng dipun kurungi sawetawis, ing kurungan ingkang isi dolanan, lajeng dipun edalaken tumuli dipun gendong engkang ngemban ibunipun bayi , bapakipun ingkang mayungi. 

Sibayi dipun ajak mlampah ngubengi kurungan ambal kaping pitu, sasampunipun mubeng lajeng kadangu kalih simbahipun. Simbah : kowe tekan endi le/ nduk kok nganti setengah dina olehmu dolan....? lajeng dipun wangsuli Bpk/ Ibunipun Bayi : Mentas dolan ing Kyai mbah pados kepinteran kangge sangu mbenjang. Simbah mangsuli : O...alah le/ nduk muga kasembadan gegayuhanmu mula supaya gangsar karepmu tak sodakohi nak.....,lajeng simbah nyawur nyawuraken arto ingkang kacampur kalih wiji - wijian ( Udik-udik) Sapurnaning udik - udik lajeng sang jabang bayi dipun udunake katuntun ngidak jadah 7 werni, purna ngidak jadah lajeng minggah ondo tebu pungkasanipun lenggah kursi.

Sampun nggih sawetawis niki rumiyin mangga dipun salin bab panyandranipun lintu dinten tur mata nggih pun ngajak turu Wilujeng enjang mugi Jum'at punika Panjenengan sakulawarg dalasan kula sak anak bojo putu kula tansah pinayunga sihing Allah. Matur nuwun.


Kados ingkang sampun kula aturaken ing dinten Jum'at wage 19 jan kepengker bilih bakenipun Tedak Siti sampun tuntas. Dene kalenggahan punika andaran kula bade ngaturaken tegea sarta werdinipun ubarampe ing salebeti upacara punika. KEMBANG SETAMAN lan TIRTO WENING : Nggadhahi kekajengan amrih diwasanipun Jabang bayi nggadahi Jiwa ingkang wening sarta budi ingkang luhur, Kembang Setaman pangajab si jabang bayi anggadahana tresna dumateng Allah SWT, tresna dumateng Tiyang sepuh saha Guru lan among mitra. Topi Janur : Jabangbayi sageta nggadahi pikiran wening cerdas lan boten gampang lali. Buku lan Ceker : Anggadahono kelantipan gampil nampi seserepan lan ugi pinter ngupadi pangan. KURUNGAN : Gegambaranipun raga ingkang resik. Andha Tebu : Lambang antebing tekat lan pikukuhing iman. KURSI/DAMPAR : Lambang Lamulyaning gesang utawi drajat. Ewondene Udik - udik pinangka wujud sodakhoh. Salajengipun bubur werni pitu :
1: Bubur abang lambangipun Napsu.Mijil saking Ibu.
2: Bubur pethak lambangipun wiji manungsa ( banyu kama).Mijil saking Bapa.
3: Bubur kuning lambang campuhing hasmara Bapa lan Ibu.
4: Lambang anasir sekawan Bumi, Geni, Tirta, Angin.
5. Lambang Kasukman.
6. Lambang Kempalipun utek, otot,belung, sungsum, lan rah,
7. Lambang Sampurnaning gatra. Pungkasanipun ngancik lemah dados pralambang asal bumi suci mbesuk yen bali ing bumi suci.

Kadang - kadang semanten rumiyin anggen kula ngaturaken jejangkeping upacara tedak siti. Mugi panjengan ingkang.maos kersoa migatosaken sukur menawi kersa nyalin lan kasimpen dados bothekan pribadi jalaran ing toko buku bab tedak aiti punika mboten wonten. Maturnuwun kawigatosanipun mugi panjenengan mboten bosen -  bosen nyateti seratan kula. 


Kawedaraken dening bapa guru Ki Rangga Jaya Kusuma

Posting Komentar

3 Komentar

  1. wah.. walaupun aku gak ngerti bahasa Jawa, tapi aku kagum sama ke-khas-an budayanya, salah satunya upacara turun tanah bagi bayi ini... kayaknya ritual yang penting banget ya, sebagai langkah awal untuk melangkah di bumi

    BalasHapus
    Balasan
    1. SEDURUNGE MATURSUWUN MBAK SAMPUN KERSA MAMPIR...PUNIKA JALARAN ..MUGA2 PARA KAWULA MUDA TANSAH REMEN KALIYAN KABUDAYAN JAWA INGKANG ADHILUHUR...

      Hapus
Emoji
(y)
:)
:(
hihi
:-)
:D
=D
:-d
;(
;-(
@-)
:P
:o
:>)
(o)
:p
(p)
:-s
(m)
8-)
:-t
:-b
b-(
:-#
=p~
x-)
(k)