MC Manten, Penganten Putri Mijil



MC Manten, Tuladha Panyandra Penganten Putri Mijil
ATUR PAMBYAWARA PENGANTEN PUTRI BADHE MIJIL SAKING TEPAS WANGI TUMUJU SASANA RINENGGA Para tamu kakung putri kang satuhu luhuring budi kados-kados penganten putri nggenya hanglulur sarira, hangedi busana hambok bilih sampun paripurna, stining driya badhe anetepi adat-widi-widana ingkang sampun lumampah. Wondene ingkang kepareng angembani penganten putri nenggih panjenenganipun (perias) kanti punika kaleksananing sedya kasumanggaaken para kang piniji.
Para lenggah ingkang bagya mulya, mijiling penganten putri saking tepas wangi tumuju ing sasana rinengga binarung ungeling gendhing KETAWANG PUSPAWARNA. PANYANDRA Binarung swaraning gendhing ketawang Puspawarna angrangin ing dirgantara, ana ganda arum lumrang banjaran sari mangambar-ambar angebaki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, gebyar-gebyar mawa teja anelahi. Pranyata menika teja tejaning sriatmaja penganten putri ingkang mijil saking sasana tepas wangi kakanti manjing tumuju ing sasana rinengga. Sampat busanane sriatmaja penganten putri, ingkang den emba busanane prameswarinata. Tinon saking mandrawa katon abyor mompyor-mompyor pathing calorot pathing galebyar nganti koyo kilat asesering. Amucang kanginan denira lumaksana, membat madya lumenggah ing warih. Meloking wadana sumunu agilar-gilar pindha kencana binabar. Sunaring netra andamar kanginan, lumering sarira kawembuh endahing busana akarya cingaking para-para kang samya himiyat. Prapta madyaning sasana pawiwahan, kagyat-kadora pindha Betari Ratih nenggih sekaring pawiwahan, hanguningani sagunging para tamu kang samya lenggah satata pepak sinaraja, bak luber ambalabar angebaki jroning sasana pawiwahan kadi ndhoyong-ndhoyongna pacak sujining pandhapi agung bale winangun. Marma tan rinasa tumanduking raos ingklang tumanem ing kalbu, yayah linobong jroning wardaya, kelem karoban ing memanis, stuhu dhatan kuwawa cinitra ing ukara. Tanggaping sasmita pangembaning sriatmaja pengantin putri nenggih panjenenganipun (perias) arsa mratitisaken lenggahipun ing sasana kursi rinengga, hangrerantu tata laksitaning adicara kang wus rinantam, lenggah hanggana raras patah sakembaran ingkang tansah samapta ing gati sawega ing dhiri.

Posting Komentar

0 Komentar