MC Manten, Purwaning Pawiwahan Pengantin



MC Manten, Purwaning Pawiwahan Pengantin (Pambuka)

Assalamu'alaikum Wr Wb
Kawula Nuwun...Nuwun...

  • Para Pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, para aji sepuh ingkang hanggung hamestuti dateng reh pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi-pundi.
  • Para Kyai, alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sinanding kitab wahyuning Illahi ingkang sampun pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur keblating panembah.
  • Para pangemban pangembating praja satriyaning negari ingkang minangka pandam-pandaoming para kawula dasih ingkang dhahat kinurmatan
  • Sagunging para tamu kakung sumawana putri nenggih baraya agung trah, ingkang habeg berbudi darma ingkang pantes sinudarsana
  • Keparenga kula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara miwah dwaraning kandha, nun nggih awit saking keparengipun Bapak Adhi Sutowo sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan punika kula mradapa kapatedhan sinaraya ingkang parikedah hanjejeri minangka pranata adicara
  • Namung sakderengipun kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karancang, karacik, karakit, katata miwah katetepaken dening para kulawarga, karana chunduk kaliyan kuncarane bangsa, ingkang lambaran agunging Pancasila, sumangga panjenengan sedaya kula aturi hanglerepaken manah sawetawis ing saklajengipun kula dhereaken manungku puja, ngaturaken Puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Kuwasa, inggih awit lumintuning barakah, rohmat saha hidayah, satemah hambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhateng para kawula dasih, kacihna ing saklebeting kalenggahan aksih punika panjenengan sedaya dalasan kula maksih dipun keparengake kempal manunggal kanthi karaharjan kalis ing sambekala
  • Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, kanthi mekaten keparenga pambiwara hamurwani lekasing sedya, enggal hambuka lampahing pawiwahan, kanthi ngaturaken reroncening tata-hadicara ingkang rinakit dening para kulawangsa
  • Nun inggih, Panggihing Sriatmaja penganten miturut satataning adat - widi - widana ingkang sampun lumampah ing tanah jawi nenggih tlatah Surakarta Hadiningrat menapa dene Ngayogyakarta Hadininingrat mliginipun ing tlatah Kabupaten Tuban. Saklajengipun atur pambagyaharja saking ingkang hamengku karsa dening para tetuangga ingkang piniji. Wondene kirabing penganten jengkar saking sasana rinengga, miwah kirabing penganten sasampune santun busana badhe kapratitisaken dening para kulawangsa ingkang piniji. Paripurnaning pawiwahan, hambokbilih penganten sarimbit jengkar saking sasana kursi rinengga dumugi wiwara ngajeng tanda yekti paripurnaning pawiwahan
  • Para tamu, para lenggah ingkang satuhu bagya mulya, mekaten reroncening tata-hadicara ingkang sinanggit dening para kulawarga. Pramila saking punika, purwa-madya-wasananing sedya, mugi panjenengan sedaya wontena suka lilaning penggalih, tansah paring pudyastawa miwah pudyastuti ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan. Nuwun

Posting Komentar

3 Komentar