Lambang Dan Arti Ubarampen Upacara Adat Penganten Jawa


Lambang Lan Werdine Ubarampen Upacara Adat Penganten Jawa, antawisipun inggih punika :

GAPURA.
Gapura, mengku teges kebaking pangapura. Kapetik saka tembung arab "GHOFURU" utawa "GHOFURA". Cethane, gapura iku mengku karep : pangapura utawa welas asih. Sok sapa pawongan kang mlebet papan panggonan kudu liwat gapura (gawangan), ing pangajab nduweni ati kang welas asih, kebaking pangapura. Mula wong kang sanja marang sedulur diarani silaturrahim, tegese sambung tresna asih.

Semana ugi ing adicara temanten, mesti diwenehi rerenggan awujud gapura, mengku werdi sedaya kang sami rawuh ing papan panggonan pahargyan punika tansah kebak rasa welas asih, tresna asih, kebak rasa ing pangapura, sengsem, seneng lan ora ana babar pisan rasa memungsuhan, kosok baline kebak rasa kekadangan lan memitran.

Mligine marang Sri-Penganten sekalian, supaya dadi keluwarga ingkang kebak rasa tresna asih, tentrem, ayem lan rahayu. Cara tembung agama, dadia kulawarga ingkang sakinah, mawadah lan rahmah. Mula prayogane gapura iku kudu direngga-rengga, utawa diwenehi rerenggan (hiasan), pamrihe kajaba supaya katon becik lan apik ing pandulu, akeh kang kepranan kepengin lemebet ing papan kana karana kesengsem, lan kepengin liwat gapura punika, mahanani swasana welas asih, tresna asih lan kebak ing pangapura. Dadi cundhuk (jumbuh lan cocok) karo werdine gapura punika.

PLATARAN.
Bersambung.....





Posting Komentar

2 Komentar

  1. Saya membacanya tahu makna dan artinya tapi mau berkomentar dengan bahasa jawa alus jadi kebingunan. Itulah makna dari Gapura, orang tua atau sesepuh dulu jika menasehati orang tanpa merendahkan dan tanpa menggurui. Makanya ilmunya bisa diterima dan tetap abadi.

    BalasHapus
  2. Gih....semoga kita selalu menjaga dan melestarikan serta mempelajari tinggalan para leluhur om Djangkaru Bumi

    BalasHapus