MC Manten, Penganten Kakung Sowan

MC Manten, Tuladha Panyandra Penganten Kakung Sowan
Para lenggah kakung - putri ingkang sinuba ing pakurmatan, kados-kados sriatmaja penganten kakung sampun samapta ing gati sawega ing dhiri, arsa bidhal saking sasana palereman tumuju ing sasana pawiwahan. Tindake sang pinanganten kakung samarga-marga tansah manggih kawilujengan. (Gending : Ldr. Wilujeng Plg. Br. / Ldr. Singa-singa Plg. Br./Kebogiro).


Panyandra
Kumenyar mawa prabawa kentar-kentar ganda wida, sumirat-sirat ambabar teja maya, saya dange saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata pinika teja-tejane penganten kakung ingkang binayangkari mijil saking sasana palereman, arsa kakanthi manijng tumuju ing sasana pawiwahan.

Mubyar-mubyar busanane penganten kakung ingkang angemba busanane Sri Narpati lamun kadulu, katingal agung, mrabu lan mrabawa, Agung ateges kebak ing kaendahan ingkang pranyata adi-luhung, mrabu ateges pindha jejering Narendratama ingkang kebak ing kawidawan luhur, wondene mrabawa ateges sinug ing prabawa ingkang adi endah milangoni.

Dhampyak-dhampyak kang samya lumaksana hangayap sang pinanganten kakung ingkang pinaragan dening para kadang sentana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung sarirane amrabata, sembata ing driya, dhatan mingkuh saliring kewuh, yen ta tamtama sumbaga wiratama prawira jayeng palugon, tatag-tangguh-tanggon-tenggel jawab prapteng ngenngon.

Pramila lamun pinetha ing wardaya candrane kadi Narendra arsa tedhak siniwaka hangnglenggahi dhampar dhenta kursi rinengga, wonten ing sasana pinajang.

Kadya wus dumugi unggyan ingkang tinuju inggih punika wiwaraning sasana pawiwahan, pramila dhumateng kadang juru operator mugi ungeling gendhing kasigeg sawetawis, awit badhe kalajengaken upacara pasrah-tinampi (lung-tinampen) Sekar Cepaka Mulya Sasele. nun inggih ingkang wujudipun Sriatmaja Pengantin Kakung. Nuwun.


Posting Komentar

0 Komentar