MC Manten, Bedhol Kembar Mayang


MC Manten, Tuladha Panyandra Bedhol Kembar Mayang

Ature Panatacara
Para tamu kakung sumawana putri kang satuhu luhuring budi, sak derengipun upacara panggih penganten katindakaken, keparenga sang Subamanggala hambedhol sekar puspita Adi Mancawarna saking sasana pinajang.


Manjingipun sang Subamanggala ingkang arsa hambedhol sekar-puspita Adi Mancawarna, lamun cinandra : Sumilir kadya katiuping maruta manda. (Ketampi Lelagon Lir ilir).

Panyandra
Lha punika ta warnane sang Subamanggala dalah para paraga kang hangayahi jejibahan luhur, wonten madyaning pawiwahan. Etining penggalih arsa hambedhol sekar Adi Mancawarna ingkang winastan sekar Kalpataru - Dewandaru - Jayandaru, awik rinakit ing kahyangan Salendra Bawana dening para widodari.

Tumurun ibg ngarcapada, awit saking pamothahing sriatmaja penganten putri, kang sampun kepareng nambut silaning akrami, hambokbilih kepareng mundhut ngampil wujudipun sekar Kalpataru - Dewandaru - Jayandaru, kegem sarat-sarana jejangkeping palakarami.

Sang Subamanggala kalamun cinandra, mabukuh bakuh yayah prayitneng kewuh, angregemeng pindha lintang Bima Sekti hanyuwek tutuking naga. Sanadyan kathah priya kang sacathok gumbalane, sakelud rerawise, ingkang wreda boten kirang, ingkang mudha taruna ugi sakalangkung kathah, parandene dhatan ana kang piniji ing karya minangka Subamanggala kejawi namung panjenenganipun Bapak Adhi Sutowo.

Ewondene kang lumaksana sawurinira sang Subamanggala, seljur sisih jajar kalih, yekti punika putri ingkang pinilih minangka pepethaning putri dhomas ingkang endah-endah sulisya ing warni. Dhasar kenya taruni, hangrungkebi jejering wabita kang utami, boten badhe singlar saking angger-anggering tata krami.

Dhatan kekilapan, ingkang lumaris sawurinira putri dhomas, nun inggih satriya kembar, katitik kembar warnane, kembar busanane, dedeg-piadege nggih sami, samudayane sami kembar pramila lamun cinandra pindha jambe sinigar. Sinten ta ingkang handulu baguse satriya kembar, kathah prawan-prawan ingkang sami kumesar, ingkang boten keturutan lajeng nangis turut pasar, dineng-neng pakdhe Kandar sing omahe ana Blitar, boten meneng ning malah katon sangar.

Para rawuh, kawistara lampahe sang Subamanggala wus dumugi unggyaning kang tinuju, inggih wisma paleremanipun sriatmaja pengantin kakung, tumuli enggal kalajengaken tata-hadicara candhakipun.

Dumateng kadang juru operator, kasuwun gendhing kasigeg sawetawis.

Posting Komentar

0 Komentar