MC Manten, Penganten Panggih


MC manten, Tuladha Panyandra Panggih Penganten

Wus dumugi wahyaning mangsakala panggihing sriatmaja penganten kakung miwah penganten putri, ingkang hamestuti ila-ila ujaring para kina ingkang jenempana ing angin, cinandhi ing awiyat, saha ingkang tansah nulad-edi-endahing budhaya luhur, marsudi mardawaning budhaya tulus. Budhaya ateges budi-daya ingkang tuwuh saking osiking penggalih, wondene tulus, mengku werdi saliring pangesti tumuju ing kautaman.


Kawuryan penganten putri wus kepareng jengkar saking sasana rinengga kinanti dening pangembaning penganten putri tunuju ing papan sinengker utawi sasan panggih.

Swaraning pradangga munya hangrangin, kadi asung pepuja lan pepuji mring penganten kekalih, kang kaesti dadi, kang sinedya dadya. Saya caket, saya caket denira lumaksana, penganten putri dupi wus prapteng unggyan kang tinuju, nulya penganten kekalih samya apagut tingal. Tempuking paningal catur netra, cutur wus ngarani mundut ngampil wilangan papat, netra mripat, padha sakala nuwuhaken daya pangaribawa ingkang hambabar karsa dadya pambukaning rasa ginaib ingkang rinasuk ing sanubari, tumanem ing tun-tungin nala.

Gya kumlawe astanira penganten putri hambalang suruh tukar gantalan mring jajanipun penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Dhatan saranta sriatmaja penganten kakung ugi animbangi hambalang suruh tukar gantalan mring jajanipun penganten putri ingkang winastan gondhang tutur. Wondene pangajabing sedya mugi penganten kekalih manunggal ing tekad, cipta, rasa, karsa miwah karyane.

Kawisatara penganten kekalih wus jajar sumanding mring luhuring pasangan ingkang linambaran roning pisang raja, minangka pralambang pinesthi dados pasanganira kinudang-kudang mandirining pribadi.

Mandap saking pasangan, mrempegi antiga kang cinaket ing bokor kencana minangka wadahe sekar setaman. Sakala antiga pinidak ing pada, pecah sanalika, mabyor pecahing wiji-dadi gumelar ing alam padang. Gya penganten putri laju hanjengku sarwi sembah-kalbu mring penganten kakung. Paripurna sembah-kalbu, sigra amijiki samparanipun keng raka minangka pralampita angicali saliring sukerta mugi lulus mulya manggih raharja.

Katon kampul-kampul kumambang sekar triwarna, nenggih sekar mawar, sekar melati, miwah sekar kantil ing salebeting bokor kencono, yekti punika minangka pralampita lamun ta winawar ing tembung manis lumantar kedaling lathi dadya pambukaning karya-tama kang anggung kumathil-kantil ing padaning netra tumanem ing tung-tunging nala.

Kawistara sriatmaja penganten sarimbit pinaringan toyo wening kang mijil saking kendi pratolo, ingkang mengku werdi murih sabarang pakaryan kang arsa linampahan tansah linambaran weninging manah miwah menebing kalbu, ing satemah tinemu raos hayom, hayem miwah tentrem.

Paripurna panggih, penganten kekalih sigra siningkepan sindhur ingkang awarni rekta miwah seta dening Rama-Ibu. Pangajabing sedya, mugi bebrayan penganten sarimbit tinuntun ing reh kautaman, pnayungan budi rahayu, wani marang bebener, wedi marang kanistan

Lulus mulya manggih raharja panggihing sriatmaja penganten, sigra kalenggahaken ing sasana kursi rinengga ginarubyuk parakadang ingkang sami hanawung krida, sarw-sarwi asesanti rahayu-rahayu ingkang sami tinemu, susila prasaja ing salwiring gati.
 


Posting Komentar

0 Komentar