Upacara Sungkeman dalam Pernikahan Adat Jawa Kenapa Keris Dan Alas Kaki Harus Dilepas, Ini Falsafatnya


" KEMBANG NGEMU GETIH BUMI MATARAM "

Nyariosaken nalika Kanjeng Gusti Bandoro Ayu Retno Pambayun. Putra Panembahan Senapati ing Mataram. Jumeneng senapati. Nalika semanten bumi metaram sinaput pedut ingkang dipun timbulaken mbalelanipun Ki Ageng Mangir ing Wonoboyo ( Wonogiri samenika ) Katah para bupati brang kidul kalebet ; Ngawi, Jagaraga, Magetan, Madiun ,Panaraga. Sami manungkul ing sampean dalem Mangir wanabaya. Punika ndadosaken prihatining manah Sang Panembahan Senapati Danang Sutawijaya ing Mataram.

Ringkesing crita paranpara agung ( penasehat) Praja Mataram Ki.Juru Martani.sung pamrayogi supados pambayun kajumenengaken senapati ulat manis ( wanita perayu ) bidalipun Putri  pambayun kaderekaken sabregada prajurit Kanti memba juru pangrawit ( panjak ) dene Pambayun dados waranggana ( ledek/sindir ) Ngantos pungkasanipun Ki Mangir teluk awit esemipun Putri Pambayun.

Sasampunipun karengkuh dados garwa, kanti cara pamiluta ( dirayu) Mangir kaajak sowan Mataram saperlu caos Bekti ing marasepuh, salebeting sungkem kalawau Ki Ageng mangir mboten lepas selop lan duwungipun, ka anggep nungkak krama ( tidak sopan) lan dasaripun Kanjeng Panembahan Senapati ugi tasih nganggep Mangir punika mengsah Mila ngepasi sungkem mustakanipun mangir dipun jeblesaken watu Gilang sarosanipun. sanalika mangir pejah.

Lajeng layon ( mayit)ipun dipun makamaken ing tembok kraton ingkang Sirah Wates puser lebet Beteng, dene puser sapengandap sanjawining beteng ( ngantos tahun punika petilasanipun tasih wonten mapan Ing kutha gede jogja ).Inggih awit kedadosan punika Ki.Juru Mertani atur pemut marang anak turun Mataram ora mawas Sentana lan kawula yen sungkem marang pepunden kawajibaken lepas Canela nglolos duwung pinangka pasrahing jiwa raga lan Bektine anak marang wong tuwa lan maratuwa.

# Mekaten sakedik cuplikan saking seratan kembang getih mataram sengaja Kula cuplik jalaran menawi kaserat ing mriki mboten nyekapi nanging bahan sekedik mugi dados lelantaran tambahing pangertosan menapa sababipun   Pengantin sungkem kedah nglolos duwung lepas Canelo. Matur nuwun.

Posting Komentar

5 Komentar

  1. baru paham asal-usul ceritanya, begitu toh kak towo. makasih informasinya..

    BalasHapus
  2. Mas Andhika selalu quck respon. Wah berarti mas andhika juga paham bahasa jawa, gih mas mekaten kurang lebih asal-usul, ilmu dari guru,,,langsung saya posting...semoga manfaat.

    BalasHapus
  3. Kalo ada video cara nglolos duwung ya mas

    BalasHapus
Emoji
(y)
:)
:(
hihi
:-)
:D
=D
:-d
;(
;-(
@-)
:P
:o
:>)
(o)
:p
(p)
:-s
(m)
8-)
:-t
:-b
b-(
:-#
=p~
x-)
(k)