Wong kang kepotangan budi iku padha karo ketutupan kabecikan, ora bisa nyritakake rasaning ati.
Pejabat ndhuwuran kang kepotangan kabecikan marang andhahane mesthi ora bisa tumindak adil, merga eling² marang kabecikane mau.
Mula terkadhang ana wong sing diukum tanpa kaluputan, nanging sing wis genah luput malah bebas, sebabe ora liya amarga kepotangan kabecikan.
Pituture para leluhur biyen, "Wong urip iku bisoa eling lan nindakake Panca Tumindak", yaiku :
1. Manembah mring Gusti Allah kanthi temen.
2. Tansah ngudi kesabaran kang tanpa winates.
3. Trisna marang sa-padha² kaya nrisnani awake dhewe.
4. Loma utawa gampang aweh pangapura.
5. Tansah nandur kabecikan ing sajroning atine saben manungsa.
Sabanjure aja nyawang sugih dadi ukuran mulya lan aja nyawang mlarat dadi ukuran sengsara.
Awit kang diarani mulya iku ukuraning mung tumindak becik lan ati sing cedhak marang Gusti Allah. Mangkono uga sengsara iku tumindak kang ora becik (ala) lan tansah lali marang Gusti Allah.
Wong kang sombong iku tuwuh saka angen² kang ngajak ngluhurake dhirine. Pikiran kang mangkono mau diarani nganggep yen dhirine utawa awake dhewe iku kuwasa, becik, luhur lan bener. Awit dheweke saking trisnane marang awake dhewe banjur kelangan pribadhine.
Ndonya kuwi apik nanging ora kabeh sing apik ana ndonya.
Ndonya kuwi endah, nanging ora kabeh kang endah ana ndonya.
Ndonya kuwi ala, nanging ora kabeh sing ana ndonya kuwi ala.
Ndonya kuwi setan, nanging ora kabeh setan ana ndonya.
Ndonya kuwi surga, nanging ora kabeh isine surga ana ndonya.
Ndonya kuwi seneng, nanging ora kabeh kesenengan ana ndonya.
Mula goleka sangu kanggo seneng² menyang surga nalika isih ana ndonya.